Psikologi (saka basa Yunani: psyche = jiwa lan logos = tembung) iku sawijining ngèlmu sing ana gandhèngané karo prosès-prosès mèntal, ya normal utawa abnormal lan pangaruhé ing sipating wong urip. Teges liyané iku ya ngèlmu prakara gejala lan kegiatan-kegiatan jiwa. Ngèlmu iki akèhé nyinaoni prakara-prakara iku ing manungsa, sanadyan sipating sato kéwan uga ana sing nyinaoni.